Celengan Bisa Arupa Barang utawa Budi Kabecikan

Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS 0

Darso, warga Balerante, Kemalang, Klaten, menehi pakan sapine, sawetara wektu kepungkur. Sapi mujudake celengan arupa raja kaya.

Tradhisi lan kearifan lokal Jawa wus ngajarake supaya kita gemi, nastiti lan ngati-ati. Gemi tegese ngirit, salah sijine kanthi nyelengi ing celengan. Celengan ana maneka warna jinise, ana sing saka bumbung, celengan lemah utawa saka tempolong. Nastiti tegese teliti anggone ngatur mlebu-metune dhuwit. Lan ngati-ati tegese ora gampang nggunakake dhuwit kang ora prelu. Kudu bisa mapanake dhuwit kanggo nyukupi butuh sing paling penting dhisik, dadine aja nganti dhuwit kang dinggo dadi mubadir.

“Gemi nastiti lan ngati-ati kuwi wus dadi konsep ngirite wong Jawa,” ujare sejarawan mudha, Heri Priyatmoko, Selasa (3/7).

Miturut dheweke, ana telung golongan sipate masarakat kang gegayutan karo bandha. Kapisan, yaiku wong cilik kang nyatane luwih ngati-ati anggone nggawa dhuwit. Dhuwit diselipke ing kutang supaya ora ceblok utawa ilang.

“Hla yen wong dagang kang kalebu golongan kaloro kuwi akeh-akehe medhit. Contone nalika Paku Buwana (PB) II njilih jaran marang sodagar Laweyan, ora entuk. Ratu njilih kok ora oleh, kuwi tegese medhit,” kandhane.

Banjur golongan ketelu yaiku priyayi kang duwe sipat boros. Mula nalika ana priyayi boros jenenge breh uweh. “Barang kang asline ora kanggo tetep wae dituku supaya nambahi gengsi-ne awake, sanadya barang kuwi ora diprelokake.”

Miturut Dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS, Drs Wakit Abdullah M Hum, nyelengi wus dadi salah sijine kearifan lokal. Contone yaiku sistem celengan ing Jawa ana rong jinis, yaiku barang utawa wulu pametu. Kaping pindho yaiku labuh-labet utawa potang budi. Barang wus diterangke mau, yaiku barang kang awujud kayata pitik, wedhus, sapi utawa lemah. Labet yaiku celengan kang awujud wewales budi. “Nalika wus tau ngewangi wong liya, mula dheweke duwe utang budi. Bebasan nandhur pari jero,” kandhane.

Utang budi kuwi ing Jawa dadi aturan bakoh kang ora tinulis. Sapa wae wus ngreti, sapa sing ora tau gotong-royong ing masarakat, bakal diwenehi sanksi sosial. “Ana tukang bakso kang nglembara ing Jakarta, nalika tanggane ing dhusun mantu, dheweke mbelani mulih. Kuwi amarga wales budi karo tanggane. Mula yen celengan awujud barang kuwi cekelane yaiku gemi nastiti ngati-ati. Yen awujud labet yaiku nandhur pari jero. Kabecikan ing dina iki bakal diundhuh ing dina mbesuke.”

Bocah wadon nyelengi dhuwit ing celengan sapi saka gerabah.

Syarat dan Ketentuan:
  • Tulisan singkat, padat, Sopan
  • Tulisan bukan SARA, bukan fitnah, tidak promosi atau mendiskreditkan pihak maupun produk tertentu.
  • Format HTML tidak dapat ditampilkan, hanya file text yang akan ditampilkan.
  • (required)

    A- A A+